Cerkak : Rasida Nggarap Tugas



Rasida Nggarap Tugas

Dina Minggu kepungkur Paijo rumangsa aras-arasan ora ana gawean. Saben wektu mesthi nang jera omah. Ning omah sepi, bapak lan ibune Paijo saiki pada Lunga, ning njero omah mung ana jenazah semut sing ntas kepidak Paijo. Gandeng Bapak lan Ibune Paijo ora neng ngomah, Paijo isoh dolan karo kancane. Waktune kuwi dimanfaatke tenanan karo Paijo nggo dolan sing ora ana gunane karo kancane Joko nganti sawise maghrib.
Dumadakan waktu mulih seka dolan Paijo eling yen ono tugas kon gawe cerkak tur diketik, lebar kelingan paijo langsung niat arep nggarap nganggo Laptope dewe. Laptope Paijo speke yo pas-pasan yaiku pentium papat, nanging karo paijo laptope ditempleki stiker Intel Core i7 supaya dikira nganggo processor sing apik utawa ming nggo gaya-gayanan. Laptope Paijo uga ana masalah yaiku nggon keyboard amarga kadang-kadang bisa ngetik dewe. Pas arep nguripke laptop kesayangane, Paijo lali nge-cas batrene padal listrike mati. “ waduh.. mati aku padal tugase ditumpuk sesuk,.”batine Paijo
Gandeng listrike mati, Paijo kepeksa mangkat neng warnet, nanging adoh saka omah yaiku kira-kira 5 km. Banjur Paijo ngampiri kanca cedake yaiku Rudi nggo kanca neng Warnet. Paijo trus salin lan nggawa senter, cepet-cepet langsung nang omahe Rudi sing pada-pada mati listrik.
“Assalamualaikum, di..., Rudi.” Ngandikane Paijo Nyelukke Rudi
“Walaikumsalam, lho, Jo, ana apa?” Pitakon Rudi
“Ayo tak kon ngancani neng Warnet gelem ora ?”Takone Paijo
“Lhoh Listrike ki lak mati to??” pitakone Rudi
“Yoo muga-muga wae listrike kono ora mati, penting je, tugas ku rung tak garap tekna .”
“Yoh wis lah, ayo langsung mangkat.” Jawabe Rudi kepeksa.
Amarga Rudi gelem ngancani Paijo neng Warnet, banjur Paijo mulih njikuk pit lan duit sing biasane didelehke neng ngisor kasur.
“Nanging aku tak njikuk pit karo duit sikik.” Omonge Paijo
“Cepet lo, tak tunggu neng kene!!”Amarga dalane peteng, sentere yo uwis mbleret lan kesusu ndak warnete selak tutup, Paijo langsung mlayu. Ndilalah kesandung oyot uwit rambutan cedak omahe kang jejere uga ana wit kambil.
“Tlebok.. krosak&$*@^$ “  Swarane Paijo Tiba neng Kebon
Rudi krungu swarane mau, amarga omahe ora pati adoh karo paijo, Nanging malah dikira kambil tiba.
“Waduh ana kambil tiba, tak kanda ibukku ah supaya dijikuk trus dimasak amarga mau esuk ibuku wis tuku neng warung nanging ora nduwe .” Batine Rudi
Kanti semangat, Rudi mlebu ngomah lan ngomongi ibune yen ono kambil tiba.
“Bu . .enten kambil tiba kadose luwih saking setunggal .”
“Tenane le?”
“Inggih wong wau swarane sero.”
“Yoh tak jikuke saiki.”
Sinambi nggawa senter, Ibune marani swara mau.
“Asstaghfirullah... kowe ki turu neng kono ngapa ?” pitakone Ibune Rudi
“Kula ki kesandung oyot Wit rambutan niki loo.” Jawabe Paijo karo ngampet lara
“Terus kowe mau reti kambile sing tiba ora?” karo nulungi Paijo
“Mboten enten kambil tiba kok, kadose swarane saking kula sing tiba.” Ngendikane paijo
“Oo.. Dadine kowe to sing dikira kambil tiba karo Rudi.”
Ibune Rudi banjur mulih lan ngomongi Rudi yen mau kuwi udu kambil tiba, nanging Paijo, kancane sing kesandung oyot.
Sawise ngenteni rada suwe, Paijo teka karo nganggo klambi sing rada reged amarga gupak lemah.
“Kowe lak orapopo to ?” pitakone Rudi
“Yo koyongeneki, awakdewe langsung mangkat saiki wae yo!!” Jawabe Paijo
“Yoh manut”
Ing perjalanan, Rudi lan Paijo numpak pit dewe-dewe. Sawise Bocah loro mau tekan warnet, jebule warnete uwis tutup.
Dadine Paijo ora isoh numpuk tugase. Nasibe Paijo cen lagi ora apik. Wis Tiba neng kebon, tur tugase ora kegarap.
Rudi uga nyaranke marang Paijo yen nggarap Tugas kuwi ojo ndadak utawa waktu mepet, lan waktu sing sela mau aja malah dinggo kegiatan sing ora ana gunane, supaya ora ana kedadean kaya iki maneh.

0 Response to "Cerkak : Rasida Nggarap Tugas"

Posting Komentar

Welcome In Creating Website

Contoh Sliding Login Dengan JQuery

Disamping ini adalah contoh Sliding Login menggunakan JQuery. Login Form Disamping hanya Contoh dan tidak dapat digunakan layaknya Login Form FB, Karena Blog ini terbuka untuk umum tanpa perlu mendaftar menjadi Member

Tutorial Blog

Untuk membuatnya Silahkan : Pencet Sini

Member Login

Lost your password?

Not a member yet? Sign Up!