Sinopsis Mahabharata Episode 157 Bahasa Jawa



Sinopsis Mahabharata Episode 157 Bahasa Jawa

Drupadi ngendika marang Raja yen kon mbalekake hartane Pandawa. Raja nrima penjalukane Drupadi. Nanging Duryudana ora gelem mbebaske lan mbalekake Hartane Pandawa. Duryudana uga Ngendika marang kabeh uwong nganggo kata-katane sing ora apik. Duryudana wis nglalekake yen wis tau ngapusi yudhistira supaya gelem dolanan dadu. Lan Duryudana mbujuk Pitamah bisma supaya ndukung rencanane. Sawise kuwi mau, Drupadi Ngendika, ngopo kok kabeh uwong neng kene podo meneng wae. Drupadi ngutuk kabeh uwong mau bakal entuk  hukuman lan kerusakan. Banjur Drupadi metu saka Hastinapura.
Banjur Krisna metu ing medan perang karo nesu lan ngendika yen Krisna iku ndukung wong wedok sing ora nduwe salah, Krisna terus Pidato ing kereta perang.
Shakuni nyaranke Dhritarastha supaya Pandawa diasingke, suwene yaiku 12 tahun lan kudu nyamar 1 tahun. Shakuni uga nambahke yen Duryudhana nduwe kebebasan nganggo hartane Pandawa sakwene Pandawa diasingke. Nanging, kabeh hartane pandawa bakal dibalekake sawise Pandawa rampung diasingke.
Ing istana Hastinapura Duryudana mbujuk raja supaya Pandawa metu seka Hastinapura lan diasingke 13 tahun. Akhire diputusake, lan Raja ngendika yen para Pandawa arep ditokake seka Hastinapura lan ninggalke kabeh. Nanging yen salah siji ditemokke identitase, Pandawa kudu mbaleni diasingke 13 tahun.
Yudhistira nampa kaputusan lan nggujengi tangane adine. Banjur lima Pandawa mau ngadeg kaya singa sing nesu. Sadurunge ninggalake Hastinapura, Yudhistira ngelengke marang kabeh uwong ing Hastinapura opo kuwi artine Kekuatan seka kejujuran sing wis ditunjukke ing dolanan judi. Bima lan Arjuna sadurunge ninggalake Hastinapura uga sumpah yen Bima arep mateni Dursasana  sing wis nggawe kawirangan Drupadi lan arep ngombe getihe Dursasana. Bima uga sumpah yen kabeh keturunane destarata bakal mati ing tangan Bisma. Nanging Arjuna Sumpah arep nnggawe kali saka getih lan gunung sing digawe saka totonan sirah amarga perang gede sing arep kedadean sawise Pandawa mulih saka diasingke.


0 Response to "Sinopsis Mahabharata Episode 157 Bahasa Jawa"

Posting Komentar

Welcome In Creating Website

Contoh Sliding Login Dengan JQuery

Disamping ini adalah contoh Sliding Login menggunakan JQuery. Login Form Disamping hanya Contoh dan tidak dapat digunakan layaknya Login Form FB, Karena Blog ini terbuka untuk umum tanpa perlu mendaftar menjadi Member

Tutorial Blog

Untuk membuatnya Silahkan : Pencet Sini

Member Login

Lost your password?

Not a member yet? Sign Up!